Amargo koncoku sing arane Kang Cessy Fauzie Herman nulis komentar nang status FBku nganggo basa Jawa, aku dadi kepingin nulis nganggo basa Jawa. Aku asli klairan nang tanah Jawa. Bapak biyungku wong Jawa kabeh. Dadi basa asliku yo basa Jawa kuwi mau. Nangging amargo langka dienggo, aku rodo lali basa Jawa kromo. Opo meneh sing kromo inggil. Nek mung ngrungokke thok aku isih ngerti. Nangging nek dikon ngomong mesti belepotan ora karu-karuan.
Iki wae aku nulis nganggo basa Jawa pasaran logat Magelang. Saben daerah duwe logat dewe-dewe. Logat Magelang isih cedak karo logat Jogja.
Naliko isih cilik mbiyen aku yo iso nulis nganggo aksoro Jawa. Malah aku duwe buku catetan sing biasane aku tulis ngganggo aksoro jowo. Sayange buku kuwi saiki wis embuh nang ngendi sangkan parane. Ilang.
Nek ngomong-ngomong karo kanca-kancaku sing wong Jawa aku isih ngunakke basa Jawa. Kadang-kadang campuran nganggo basa Indonesia. Arepo bedo logat, saben wong Jawa isih iso ngerti maknane.
Kanggo nguri-nguri basa Jawa, kolo-kolo aku arep nulis ngganggo basa Jawa. Ben isine blogku iki campur-campur.
Monggo poro sedulur kabeh, monggo pinarak dateng pangenane kulo meniko.
Matur nuwun.