Nulis Nganggo Basa Jawa

Amargo koncoku sing arane Kang Cessy Fauzie Herman nulis komentar nang status FBku nganggo basa Jawa, aku dadi kepingin nulis nganggo basa Jawa. Aku asli klairan nang tanah Jawa. Bapak biyungku wong Jawa kabeh. Dadi basa asliku yo basa Jawa kuwi mau. Nangging amargo langka dienggo, aku rodo lali basa Jawa kromo. Opo meneh sing kromo inggil. Nek mung ngrungokke thok aku isih ngerti. Nangging nek dikon ngomong mesti belepotan ora karu-karuan.

Iki wae aku nulis nganggo basa Jawa pasaran logat Magelang. Saben daerah duwe logat dewe-dewe. Logat Magelang isih cedak karo logat Jogja.

Naliko isih cilik mbiyen aku yo iso nulis nganggo aksoro Jawa. Malah aku duwe buku catetan sing biasane aku tulis ngganggo aksoro jowo. Sayange buku kuwi saiki wis embuh nang ngendi sangkan parane. Ilang.

Nek ngomong-ngomong karo kanca-kancaku sing wong Jawa aku isih ngunakke basa Jawa. Kadang-kadang campuran nganggo basa Indonesia. Arepo bedo logat, saben wong Jawa isih iso ngerti maknane.

Kanggo nguri-nguri basa Jawa, kolo-kolo aku arep nulis ngganggo basa Jawa. Ben isine blogku iki campur-campur.

Monggo poro sedulur kabeh, monggo pinarak dateng pangenane kulo meniko.
Matur nuwun.

6 responses to “Nulis Nganggo Basa Jawa

  1. Alhamdulillah taksih wonten priyantun ingkang kersa nguri-uri budhaya Jawa. Ngaturi pirsa kemawon mas Isroi, panyeratan tembung ingkang ngagem akhiran “O” lan “A” punika kedah leres. Tuladha ukara kados ing ngandhap punika nggadhahi arti ingkang benten sanget.
    “Bojoku loro” kaliyan “Bojoku lara”. Dedhasaranipun basa Jawa (hanacaraka) punika “nglegena”, menawi badhe nyerat vokal “O” kedah dipun paringi pasangan ingkang dipun wastani “taling tarung”. Matur suwun

    • Matur nuwun, Pak Sugiyo. Kathah engkang kesupen angenipun nyerat ‘O’ kalian ‘A’. Kulo tasih kedhah sinau malih babagan meniko. Lha kepripun maleh, lha wong sakmeniko mboten nate nyerat ngagem basa Jawa malih.

  2. aku biyen duwe blog nganggo basa jawa. saiki getun amarga wis ta busak blog-e.

  3. Manawi kresa, mangga nguri-uri malih basa Jawi. Kula gadhah blog ngomong nulis basa jawa lan bausastra jawi inggris, lsp. Manawi kresa mangga dhateng blog kula… Manawi profil blog kapundudul mangke saged ningali kathahing blog. Manawi kresa mangga ugi kathah ndamel artikel basa jawi napa kemawon ati seneng. Mangke saged kangge wacam-wacan ugi rujukan kagem panggina internet utamaning para lare alit lan lare wiyata. Matur nuwun

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s